mining saya

Jabur Masmur 23

Gusti Allah iku pangen kang utama


1* Masmur anggitane Prabu Dawud.

Sang Yehuwah iku pangenku, aku ora kekurangan apa-apa.


2* Aku diplegungake ana ing pangonan kang akeh sukete,

aku digiring menyang ing banyu ing panggonan kang tentrem;


3* nyawaku di ayemake,

sarta dituntun ing dalaning kebeneran

marga saka asmane.


4* malah sanadyan lumaku ana ing jurang palimenganing pati,
aku ora wedi marang bilai,

marga Paduka ingkang nganthi kawula;
teken Paduka saha lantaran Paduka punika sami nglipur kawula.


5* Paduka nata pasegahan kangge kawula;

wonten ing ngajengipun satru kawula;

siwah kawula Paduka jebadi kaliyan lisah,

tuwung kawula kebak mancep-mancep.


6* Amargi namung kabegjan lan kadarman thok ingkang badhe ngirid lampah kawula,
salaminipun gesang,

saha kawula badhe manggen wonten ing padalemaning Sang Yehuwah ing salaminipun.



  

Tidak ada komentar:

Postingan Populer

Translate me