mining saya

Monte Carlo Monaco



Sirkuit Monaco (Circuit de Monaco) ki jeneng sirkuit atawa lintasan balapan mobil nang ndalanan nang kota Monte Carlo dan La Condamine nang cedak pelabuhan Monaco. Sirkuit iki di kenal “Sirkuit Monaco”.


Sirkuit iki di nggo balapan tiap bulan Mei tiap taun slama seminggu, tentu wae balapan F1 (nek balapan karung emang’e tujuhbelasan).


Sirkuit iki di gawe kiro2 butuh 6 minggu, lan pembongkaran’e kiro-kiro 3 minggu. Sing dadi barang menarik seko sirkuit iki yaiku akeh tanjakan , dalan midun, tikungan lancip-lancip, lan sing paling menarik yaiku dalan’e sing lurus tapi sempit.


Lintasan sirkuit iki di kenal ngeri (emang’e kuburan) dadi ojo kaget nek sirkuit iki dadi ajang tes kemampuan pembalap F1. Sirkuit Monaco terkenal tikungan sing mara’i bapak2 pembalap rodho emosi la pie mbelok’e kudu kecepatan’e 50 km/jam . La liya’ne sing kudu ati2 ono belokan sing kudu banter lan ngati2 tapi kudu ngebut rata-rata 260 km/jam nek ra gelem di selip pembalap nekat.



Ono maneh sing para bapak2 pembalap F1 kudu ngati2, yaiku pas lewat terowongan (ngisor Hotep Fairmont) wis dalan’e sempit lewat terowongan’e sing peteng ndedet, bar kui metu terowongan padang njinggrang…(silau bok..) .



balapan nang sirkuit Monaco ki iso di bilang ra iso selip-selipan, la dalan’e sempit tur rapet pet, dadi skill (kepinteran) pembalap ki luwih penting timbangane power (kekuatan) mobil F1. Faktor posisi star lan strategi pitstop sing nggawe pasti sopo sing menang nang balapan sirkuit Monaco.


Panjang lintasan          : 3.34 km
Belokan                        : 18
Rekor waktu                   : 1:14:439
Rekor pembalap F1           : Michael Schumacer
Rekor tim F1                      : Ferrari
Tahun rekor                         : 2004


bagi yg mau ke Monaco di sarankan pake kapal Yacht, soale nek ra nggo kapal yacht ndak di kiro wong ndeso. selain balapan , nang Monte carlo jg terkenal ajang pamer kendaraan lan pamer kapal yacht. lan sing mara'i sugih seko kota iki yaiku Casino (judi...judiii...!!)
panas!!....

1 komentar:

Yohanes mengatakan...

tahukah anda monte carlo, monaco, negara dengan nol pengangguran alias ra ono pengangguran koyo aq...haha...

Postingan Populer

Translate me