mining saya

The Hope City


Iki kota lahir dino Sabtu, 11 April 907, saiki kiro-kiro umure 1104 taun!!... sopo sing ra ngerti kota iki?, letak’e sing strategis antara 2 kota gede nang pulau sing paling terkenal nang negoro Asia, saiki (2011) lagi di bangun dalan sing gede nang kota iki , lan di harapkan iso nambah lancar lalu lintas seko lan nang kota iki.

Jumlah penduduk kota 120.000 taun 2003, gawean penduduk kota iki kebanyakan pegawai negri (tentara lan PNS), kondisi kota sing adem anyem , wong2e sing nyantai lan seneng ngguya-ngguyu marak’e betah urip nang kota iki (ndak iyo?).

Arep olah raga ra sah bingung, arep olah raga sing gratis ono, opo maneh sing mbayar. Arep olah raga bergengsi ono lapangan golf, kolam renang, stadiun sing keren abis. Arep bal-balan, tenis, badminton opo mlayu2 kabeh ono nggon’ne tinggal namplek. Arep olah raga petualangan ono arung jeram, hiking opo munggah gunung monggo kerso.

Ono macem-macem taman rekreasi seko sing cilik nganti sing gede kabeh oke. Ora adoh, ora sui gampang di jangkau, lan di jamin taman‘e resik lan sesuai standar wong nganggur sing stress nek arep refressing.

Keamanan ra sah di takok’e, nek ra percoyo takon pak polisi nang pusat kota. Aman terkendali (jarene).

Arep golek mangan? Minuman? Oleh2? Souvenir? Klambi? Kaos? Lain2? Nyante wae, akeh bakul2 lan warung2 sing jos gandos, seko sing tradisional nganti sing modern kabeh ono. sing jelas murah nek ra murah yo ngenyang, nek bakul'e di ngenyang ra gelem yo ra sah mincuk.

Dadi ojo bingung meneh, nek arep mrene yo mrene nek ora yo kudu mrene. The Hope City.

magelangkota.go.id

2 komentar:

Wonderer mengatakan...

enteni wae, suk aku dadi walikuthone.

Anonim mengatakan...

mantan walikutho terakhir berakhir nang penjara goro2 korupsi GOR samapta, sing saiki (2012) lg sibuk mbangun trotoar, opo ngko berakhir sama?...who knows..

Postingan Populer

Translate me